Nyai
Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit ngrangkul Sang Prabu karo
ngandika: "Êngger! kowe wêruha, kowe iku dosa têlung prakara,
mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe,
sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa
dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah
piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu saka karêpe
dhewe Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama
Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi salin dhewe
ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi
marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasênênge dhewe-dhewe Gusti Allah ora
niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam
kang tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo têtêping
adil, lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cêmpa nyêmbah pikkong, wujud dluwang
utawa rêja watu. Kowe ora kêna sêngit mênyang wong kang agama Buddha, tandha
mripatmu iku lapisan, mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan
kang luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga ngrusak ora
nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrêti matane mung siji, dadi
wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang
bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati
bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong
tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe
maratuwa kapir, maratuwane gêthing marang wong Agung amarga seje agama,
maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah
wêdi- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire,
nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang
maratuwane. Iya iku êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa
disiya-siya, dupeh kapir Budha ora gêlêm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku
arêp takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama?
nagarane kok nganti kok-rusak iku kapriye?
Prabu
Jimbun matur, yen durung
ngaturi salin agama, têkane Majapahit banjur ngêpung nagara bae.
Nyai
Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: "Tindakmu iku
saya luput bangêt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ênggone padha wani
mungsuh wong tuwane, iku amarga sabên dinane wis ngaturi santun agama, nanging
ora karsa, mangka sabên dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu
wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake
agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan
mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barêng wong kang kaya kowe, mujijadmu
apa? Yen nyata Khalifatu'llah wênang nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu
tak-tontone"
Prabu
Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa,
mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh
ganjaran swarga.
Nyai
Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane Ujar-jare bae kok disungkêmi, tur dudu
bukuning lêluhur, wong ngumbara kok diturut rêmbuge, sing nglakoni rusak ya
kowe dhewe, iku tandha yen isih mêntah kawruhmu, durung wani marang wong tuwa,
saka kêpenginmu jumênêng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri
ahli budi, mung ngêndêlake ikêt putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung
ing jaba, ing jêro abang, nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen arêp
ngrusak Majapahit, eyangmu ora parêng, malah manti-manti aja nganti mungsuh
wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wêwalêre kok-trajang, kowe ora wêdi
papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa,
aku ora wênang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mêngko rak buwana
balik arane, awit kowe sing mêsthine paring idi marang aku, amarga kowe
Khalifatu'llah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu
gêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp tuwa Ratu".
Banjure
pangandikane Nyai Agêng Ngampel: "Putu! kowe tak- dongengi kupiya
patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Mêsir, panjênêngane
Kanjêng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti
kengsêr saka nagara, putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi
Dhawud sagêd wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mênyang
alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana
ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah Ana maneh caritane Sang Prabu
Dewata-cêngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake
dening ingkang rama banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora suwe
antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, anggêlarake
panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji
Saka, gêthing marang Dewatacêngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar
dipêrangi nganti kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur
mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani
karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh
padha nêmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe
mêsthi cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani, kang mangkono iku kukume
Allah"
Sang
Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa kêduwung bangêt,
nanging wis ora kêna dibalekake.
Nyai
Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: "Kowe kuwi dilêbokake ing loropan
dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gêlêm nglakoni, sing
nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip
jênêngmu ala, bisa mênang pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata
marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa,
kapindho murtat ing Ratu, kaping têlune ngrusak kabêcikan apa dene ngrusak
prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa
rusaking Majapahit, mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot
sanggane". Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun.Sawise
Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mênyang Dêmak, sarta
didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu diaturana kondur mênyang
Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja
dipêksa, amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.
Sang
Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para
wadya padha sênêng-sênêng lan suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan
dhêdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis kondur
sarta bisa mênang pêrange.
Sunan
Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun,
Sang Nata banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon bêdhah,
layang-layang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama
lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri
Cêmpa wis diaturi ngungsi mênyang Benang, wadya Majapahit sing wis têluk banjur
padha dikon Islam.
Sunan
Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng karo manthuk-manthuk, sarta
ngandika yen wis cocog karo panawange.
Sang
Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldênta, sowan ingkang
eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi
ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta
diuman-uman, ênggone ora ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging
sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Agêng
Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.
Sunan
Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya kêduwung, rumaos lupute,
dene ora ngelingi marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang
mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu
Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin agama Islam.
Sunan
Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel ora
pêrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi kurang sampurna, luwih
bêcik ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe
Nyai Ngampeldênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang 'Arab, wusana Prabu Jimbun
banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel,
mêsthine bakal oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.
Sunan
Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mêksa kondur mênyang
Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene
yen arêp ngaturi jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mêsthi
bakal ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin agama Islam, supaya
dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.
Sunan
Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora
ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bêcik ditênung bae, awit
yen mateni wong kapir ora ana dosane.
Sunan
Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan Giri kang mangkono mau.
Gênti
kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya Sang Prabu
Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-lunta, sabên desa
diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir
wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya
Lampahe
Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur
kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng
bangêt, dene sing marak ana ngarsane mung kêkasih loro, iya iku Nayagenggong
lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning lêlakon
kang mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur
ngabêkti sumungkêm padane Sang Prabu.
Sang
Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: "Sahid kowe têka ana apa? Apa prêlune
nututi aku?
Sunan
Kalijaga matur: "Sowan
kula punika kautus putra paduka, madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên
ing pundi-pundi, sêmbah sungkêmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun
pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrêbat kaprabon paduka
Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, botên sumêrêp tata krami,
sangêt kapenginipun mêngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati.
Samangke putra paduka rumaos ing kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang
anyêngkakakên saking ngandhap aparing darajat Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa
ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka
linggar saking praja botên kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen
mêsthi manggih dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan
paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit,
têtêpa kados ingkang wau-wau, mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados
jêjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan
sinuwunan idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka
pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng
saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun,
lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang
sampun. Dene yen panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan
kadhaton wontên ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi
ingkang karsakakên badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar
paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila
têrusing panggalih".
Sang
Prabu Brawijaya ngandika: "Ingsun-rungu
aturira, Sahid Nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan
karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero
pandulune, mawas ing ngarêp nanging jêbul anjênggung ing buri, rêmbuge mung
manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picêka
mataku siji. Sakawit ingsun bêciki, walêse kaya kênyung buntut, apa ta
salah-ingsun, têka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa,
mukul pêrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning
manusa kang utama".
Sunan
Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane ênggone
melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin bangêt panalangsane, dene kadudon
kang wis kêbanjur, mula banjur ngrêrêpa, ature: "Inggih saduka-duka paduka
ingkang dhumawa dhatêng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang
pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar amêwahana cahya nurbuwat
ingkang wêning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalêpatan,
punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntên paduka wangsu
karsa paduka karsa tindak dhatêng pundi?"
Sang
Prabu Brawijaya ngandika: "Saiki
karsaningsun arsa tindak mênyang Bali, kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing
Kêlungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang
tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa,
samêkta sakapraboning pêrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake
karo pisan satêkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing
dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun
pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung
wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang
siji, ananging ora wêruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk
lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina,
samêkta sakapraboning pêrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya
prajurit, sarta padha eling marang lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas
marang wong wungkuk kaki-kaki, yêkti padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang,
sun-jak marang tanah Jawa angrêbut kapraboningsun, iya sanadyan pêrang gêdhe
gêgêmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala,
aninggal carane wong agung."
Sunan
Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung
dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: "Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agêng
Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang
wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang
Bali, ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing Dêmak masa mênanga,
amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping têlune kang mbêciki,
wis mêsthi bae wong Jawa kang durung Islam yêkti asih marang Ratu tuwa,
angantêp tangkêping jurit, mêsthi asor wong Islam tumpês ing pêpêrangan."
Wusana
Sunan Kalijaga matur alon: "Dhuh
pukulun Jêng Sang Prabu! saupami paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali para
Raja, saestu badhe pêrang gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu
putra paduka ingkang badhe nêmahi kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata
botên lami lajêng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata,
saupami kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah tulus kêrah
têtumpêsan sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing sêgawon
sanesipun".
Sang
prabu Brawijaya ngandika: "Mungguh
kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu
Binathara, nêtêpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bênêr
paningalku, kang miturut adat pranatane para lêluhur.Saupama si Patah ngrasa
duwe bapa ingsun, kêpengin dadi Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton ing
tanah Jawa, iya sun-paringake krana bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg
jumênêng Ratu, nrima dadi pandhita, pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko si
Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni,
luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri."
Sunan
Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula
banjur nyungkêmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang
Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun
supaya dipateni bae, amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.
Sang
Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau,
panggalihe kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah têbah jaja karo
nênggak waspa, sêrêt pangandikane: "Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire
sing bêcik, tak-timbange aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku
kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang
Majapahit, si Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa
Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicêkêl dibiri, dikon
tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur
diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing."
Sang
Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga:
"Mara pikirên, Sahid!Saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyêkrukuk, kok
dikum ing banyu".
Sunan
Kalijaga gumujêng karo matur: "Mokal manawi makatên, benjing
kula ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi putra paduka badhe siya-siya
dhatêng panjênêngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka,
namung langkung utami manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak rasul,
lajêng nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika botên dados punapa,
tiyang namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan
salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrêtos sahadat punika inggih têtêp
nama kapir".
Sang
Prabu ngandika: "Sahadat
iku kaya apa, aku kok durung ngrêti, coba ucapna tak-rungokne".
Sunan
kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila'llah, wa ashadu
anna Mukhammadar-Rasulu'llah, têgêsipun: Ingsung anêkseni, ora ana Pangeran
kang sajati, amung Allah, lan anêkseni, Kangjêng Nabi Mukhammad iku utusane
Allah".
Ature
Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: "Tiyang nêmbah dhatêng arah
kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika têtêp kapiripun, lan malih
sintên tiyang ingkang nêmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah
brahala namanipun, mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan
batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên,
dene têgêsipun Nabi Mukhammad Rasula'llah: Mukhammad punika makam kuburan,
dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak,
botên muji Mukhammad ing 'Arab, raganipun manusa punika wêwayanganing Dzating
Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing
lesan, Rasule minggah swarga, lu'llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu'llah
punika rasa ala ganda salah, riningkês dados satunggal Mukhammad Rasula'llah,
kang dhingin wêruh badan, kaping kalih wêruh ing têdhi, wajibipun manusa
mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut Mukhammad rasulu'llah, mila
sêmbahyang mungêl "uzali" punika têgêsipun nyumêrêpi asalipun. Dene
raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul,
têgêsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal saking badan kang mênga,
lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun sahadat, botên sumêrêp
rukun Islam, botên mangrêtos purwaning dumados".
Bersambung ke Bagian 5 Jejak Brawijaya V / Sunan Lawu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar