Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika
kasêkten punapa? kasêktening uyuh kula wingi sontên, dipunpamerakên dhatêng
kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, mêngsah uyuh-kula piyambak, ingkang
kula rêbat punika? Paduka sampun kêlajêng kêlorob, karsa dados jawan,
irib-iriban, rêmên manut nunut-nunut, tanpa guna kula êmong, kula wirang
dhatêng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan
ingkang mripat satunggal, botên rêmên momong paduka. Manawi kula sumêdya
ngêdalakên kaprawiran, toya kula-êntut sêpisan kemawon, sampun dados wangi.
Manawi paduka botên pitados, kang kasêbut ing pikêkah Jawi, nama Manik Maya,
punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika
sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing wêkdal samantên tanah Jawi
sitinipun gonjang-ganjing, saking agênging latu ingkang wontên ing ngandhap
siti, rêdi-rêdi sami kula êntuti, pucakipun lajêng anjêmblong, latunipun kathah
ingkang mêdal, mila tanah Jawi lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang
inggil pucakipun, sami mêdal latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi
wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang damêl, sadaya wau atas
karsanipun Latawalhujwa, ingkang damêl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami
Buddha, tiyang sagêd matur piyambak dhatêng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos,
manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês,
Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing tamtu
dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrêti.
Cobi
paduka-yêktosi, benjing: sasi murub botên tanggal, wiji bungkêr botên thukul,
dipuntampik dening Dewa, tinanêma thukul mriyi, namung kangge têdha pêksi,
mriyi punika pantun kados kêtos, amargi paduka ingkang lêpat, rêmên nêmbah
sela. Paduka-yêktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wêwah bênter awis
jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rêmên dora, kêndêl tindak nistha tuwin
rêmên supata, jawah salah masa, damêl bingungipun kanca tani. Wiwit dintên
punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos
agami. Benjing yen sampun mrêtobat, sami engêt dhatêng agami Buddha malih, lan
sami purun nêdha woh kawruh, Dewa lajêng paring pangapura, sagêd wangsul kados
jaman Buddha jawahipun".
Sang
Prabu mirêng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangêt dene ngrasuk
agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur
ngandika, amratelakake yen ênggone mlêbêt agama Islam iku, amarga kêpencut
ature putri Cêmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen
mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake
lêpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, mêsthi
nêmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wênang miwiti
karêp, Sabdapalon akeh-akeh ênggone nutuh marang Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: "Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis
kêbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kêkêncênganing
tekadmu? Yen aku mono ênggonku mlêbu agama Islam, wis disêkseni dening si
Sahid, wis ora bisa bali mênyang Buddha mêneh"
Sabdapalon
matur yen arêp misah,
barêng didangu lungane mênyang ngêndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing
kono, mung nêtêpi jênênge Sêmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan
padhang. Sang Prabu diaturi ngyêktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajênêng
tuwa, agêgaman kawruh, iya iku sing diêmong Sabdapalon, wong jawan arêp
diwulang wêruha marang bênêr luput.
PRALAMPITA
500 TAUN ING TEMBE
Sang
Prabu karsane arêp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau
banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nênggak waspa, wusana banjur ngandika
marang Sunan Kalijaga: "Ing besuk nagara Blambangan salina jênêng nagara
Banyuwangi, dadiya têngêr Sabdapalon ênggone bali marang tanah Jawa anggawa
momongane. Dene samêngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang".
Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nêngêri banyu sêndhang, yen gandane mari wangi,
besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.
Sunan
Kalijaga banjur yasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni
banyu sêndhang. Banyu sêndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong
tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur
disumpêli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.
Sang
Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro.
Dina
kaping pisan :
Tindake
kawêngen ana ing dalan, nyare ana ing Sumbêrwaru, esuke bumbunge dibukak,
banyune diambu isih wangi,
Dina
kaping pindo :
Nuli
mbanjurake tindake, wayah surup srêngenge, wis têkan ing Panarukan. Sang Prabu
nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbung diganda isih wangi, Sang
Prabu mbanjurake tindake.
Dina
kaping telu :
Barêng
wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono,
esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine,
Dina
kaping papat :
Sang
Prabu banjur nêrusake tindake nganti wayah surup srêngenge, têkan ing
Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune
tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari
sathithik, amarga kêrêp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sêndhang barêng
ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika
marang Sunan Kalijaga: "Prabalingga ing besuk jênênge loro, Prabalingga
karo Bangêrwarih, ing kene besuk dadi panggonan kanggo
pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan,
Prabalingga têgêse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga".
Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan ing
Ampelgadhing. Nyai
Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur ngabêkti marang Sang Prabu karo
muwun, sarta akeh-akeh sêsambate.
Sang Prabu banjur ngandika: "Wis aja nangis êngger, mupusa
yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe
mung sadarma nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. Bêgja
cilaka ora kêna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang
ilmu".
Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake
patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp. Sang
Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mênyang Dêmak
nggawa layang, satêkane ing Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun,
ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.
Kacarita
putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhan Kajawan ing Tarub, mirêng
pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu lolos
saka jroning pura, ora karuhan mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak
panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhan
Kajawan namur kula, nungsung warta ing ngêndi dununge ingkang rama,
satêkane Surabaya, mirêng warta yen ingkang rama Sang Prabu têdhak ing Ampel,
nanging banjur gêrah, Raden Bondhan Kajawan nuli sowan ngabêkti.
Sang Prabu ndangu: "Sing
ngabêkti iki sapa ?
Raden
Bondhan Kajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti
Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu sangsaya mbatêk,
ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman kalanggêngan, pangandikane marang
Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih marang jaman
kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan Pranaraga,
mêngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake
Majalêngka, aja padha ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang
Maha Suci, aja padha pêrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana
rusaking wadya-bala, sebaa marang Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing
miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apêsa."
Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur ditapak-astani
dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging lan Pranaraga.
Sang
Prabu banjur ngandika: "Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang
anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune êmongên, manawa ana bêgjane,
besuk bocah iki kang bisa nurunake lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang
kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit
sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi
jênêng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi
Raja Putri Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya
bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa."
Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: "Punapa
Sang Prabu botên paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun jumênêngipun
Nata wontên ing tanah Jawi?"
Sang Prabu ngandika: "Sun-paringi
idin, nanging mung mandhêg têlung turunan
Sunan
Kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal pasareyane Sang Prabu
Sang
Prabu ngandika: "Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse damaring jagad, tulise
kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana gêbyaring wulan, ing têmbe
buri, wong Jawa padha wêruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula
tak-suwurake Putri Cêmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora
dianggêp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ênggonku
mangêni madêge Ratu mung têlung turunan, amarga si Patah iku wiji têlu,
Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula
wêkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje
bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring
piwêling aja gawe senapati pêrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake
Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh
pitungkasku, tulisên."
Sang
Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakêp, têrus seda,
layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katêlah
nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri Cêmpa, dene
mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing
pasareyan ana ing Karang Kumuning.
Barêng
wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi
rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agêng.
Nyai
Agêng ngandika: "Wis bêgjane
Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta
nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang
wis kêlakon".
Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus pêpêsthen, barang wis
kêbacut iya mung kudu dilakoni.
Sunan
Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinêmonan dening Kang Maha Kuwasa, mula uga bangêt panalangsane sarta
ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagêm sarwa wulung, beda karo para Wali
liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora padha
ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan
dening Kang Maha Kuwasa, mula bangêt mrêtobate, wasana banjur pinaringan
pangapura dening Allah, sinêmonan wiwit anane orong-orong githoke tumêka ing
punuk disêsêli tataling kayu jati, mungguh karêpe: punukmu panakna, sajatining
'ilmu iku ora susah maguru marang wong 'Arab, 'ilmuning Gusti Allah wis ana ing
githokmu dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang
ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa,
mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku mêtu saka ing
karêp, karêp mêtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis
samêkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora ênggon.
Kiyai
Kalamwadi ngandika: "Yen
manusa arêp wêruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora kêna ditonton nganggo
mripat lair - kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon,
Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud Yen
ndêlêng kudu nganggo ati kang bêning, ora kêna kacampuran pikiran kang
warna-warna, sarta kudu kang mêlêng ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo
kanyatane"
Kiyai
Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang Prêjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha
marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi nêtêpi jênênge priya
kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan
sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka ing pati, ing wong sêsomahan iku. Kang
wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa bêcik. Nanging sabên dinane
isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku
yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana
pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mêtu ing lesan, mung
paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: "Sarehne aku iku wong
cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon marang
ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe".
Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa têgês dhewe,
lan wis dadi piwulang kang bêcik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku
wujude kiwa, mung hawa kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki, wa: têgêse
wêwadhah, ragamu iku diibaratake prau, prau dadi 'ibarate wong wadon, wong
têgêse ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung têlung
prakara, iya iku: "kar-ri-cis". Yen prau wis isi têlung prakara iku,
wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse kar-ri-cis iku
mangkene.
1.
Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi lanange, mêsthi wong
wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt ênggone jêjêdhowan.
2.
Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis
bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa têntrêm ora goreh.
3.
Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit
kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm, tak baleni maneh, cis têgêse bisa
goreh atine.
Kosok
baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung prakara mau, wong wadon
bisa goreh atine. Tangan têngên têgêse etungên panggawemu, sabên dina sudiya,
sanggup
dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek
sandhang pangan.
Bau
têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap
nindakake samubarang kang prêlu.
Sikut
têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput. Ugêl-ugêl têgêse sanadyan tukar
padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora bisa pêdhot. Epek-epek têgêse
ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, jênênge
banjur melu jênênge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga,
warangkane wanita, curigane jênênge wong lanang.
Rajah
(ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang guru-lakine dikaya
dene panganggêpe marang raja.
Driji
têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo pagêr kautaman,
wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene driji kabeh mau ana têgêse
dhewe-dhewe.
Jêmpol
têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang gêtas
rênyah kaya dene êmpoling klapa.
Driji
panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.
Driji
panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati
bêcik.
Driji
manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang manis, wicarane kudu
kang manis lan prasaja.
Jênthik,
têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu
sêtya tuhu marang priyane.
Kuku
têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti kêndho tapihe.
Mungguh
pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang lakine sarta nglakoni
patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrêksa, apa dene kudu nyingkiri
padudon.
Wong
jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa slamêt sarta akeh
têntrême.
Bersambung Bagian 7 - Jejak Brawijaya V/ Sunan Lawu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar