Bagian
7 - Jejak Brawijaya V/ Sunan Lawu
Kiyai
Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang
dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane kiyai
Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti
tumindak kang ora bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan
dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang luwih gampang,
nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan,
yen wis luput, ora kêna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah
eling yen winêngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur
ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane
wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging
samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair
batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan
dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku
mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga
tumindaking badan mung manut karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan.
Wong jêjodhowan di'ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau manut satang lan
kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine salah, prau ora bêcik lakune.
Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngêmudheni, sanadyan bêcik
ênggone ngêmudheni, nanging yen kang nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora
bisa jêjêg, sarta bisa têkan kang disêdya, amarga kang padha nglakokake padha
karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula kudu rukun, rukun
iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman, ora ngêmungake wong jêjodhowan
kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati, sanadyan tangga têparone iya melu
têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.
Kowe
tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:
1.
Mulya saka jênêng.
2.
Mulya saka bandha.
3.
Mulya saka sugih 'ilmu.
4.
Mulya saka kawignyan.
Kang
diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh kabêgjan kang gêdhe,
nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong
akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih
'ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.
Mungguh
dalane kasangsaran uga ana patang prakara:
1.
Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya melu rusak.
2.
Rusaking raga, iya iku wong lara.
3.
Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
4.
Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang
nêpsune.
Kang
diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sêgêr kawarasan sarta
kacukupan, apa dene têntrêm atine.
Wong
urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng kang bêcik, kanggo
têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing têmbene".
Ki
Darmagandhul matur lang nyuwun ditêrangake bab anane wong ing jaman kuna karo
wong ing jaman saiki, iku satêmêne
pintêr kang êndi, amarga wong akeh panêmune warna-warna tumrape bab iku.
Pangandikane
kiyai Kalamwadi: "Wong kuna lan wong saiki, iku satêmêne iya padha
pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake
kapintêrane, mula katone banjur kaya dene ora pintêr. Ana dene wong ing jaman
saiki ênggone katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake kapintêrane. Wong ing
jaman kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman
saiki. Saupama ora ana kapintêrane wong ing jaman kuna, mêsthi bae tumrape wong
ing jaman saiki ora ana kang kanggo têtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh
kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi
kahanan kang wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur dibêcikake. Wong ing jaman
saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pintêr, iku
têgêse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung
sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arêp wêruh
wong kang pintêr têmênan, dununge ana wong wadon kang nutu sabên dina, tampahe
diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise,
banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki
bae, sabanjure dipilah-pilah. Têgêse: bêras yen arêp diolah kudu dirêsiki
dhisik, miturut kaya karêpe kang arêp olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang
manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ênggone nyilah-nyilahake bêras
aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu
kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa marang kawulane.
Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja supaya uripmu aja kongsi dikul
dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal dadi têtuwa,
kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong ngawula ing
praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku
pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintêr,
mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh
ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih
kalah pintêr karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa
kasoran karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang Maha
Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang
Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka
kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang
wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong
pintêr. Mula wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh
kang gandheng karo kamuksan".
Ki
Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase kraton
Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: “Sang
Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri, dene kratone ana ing Daha, kaprênah
sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri prênahe ana sakuloning kali Brantas
lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya
iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana
ing daha, saikine jênênge desa Mênang, patilasane kadhaton wis ora katon,
amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung Kêlut, patilasan-patilasan mau wis
ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga
wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagêdhongan uga
wis sirna. Kang isih mung rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi
Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca buta
wadon, iya iku rêca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika lêlana
mênyang Kêdhiri, rêca mau lungguhe madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran awak
siji êndhase loro, panggonane ana ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik Sukarêja,
mula Sri Jayabaya yasa rêca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing
ngisor ini)”.
Ing
Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung
nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya
cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni,
lagi waleh yen sumêdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani
putri buta mau, barêng didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu banjur
paring pangandika mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang
Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene
bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging
kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.
Sawise
dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring
pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngêndi papan matine putri buta
mau dijênêngake desa Gumuruh. (11) Ora antara suwe Sri Jayabaya
banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud jaran lagaran
awak siji êndhase loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta
Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu,
kang surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone Sang Prabu yasa
rêca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring
pangandika, yen ênggone yasa rêca kang mangkono itu prêlu kanggo pasêmon ing
besuk, sapa kang wêruh marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha mangrêti kang
dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srênggi. Bogêm
têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku bangsa
wadhah kang winadi. Laren (12) kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran.
Dene jaran sêngkêran iya iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah
loro iku dadi pasêmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro
tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku
têgêse tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp
laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis
mathuk pikire, iya sida diêpek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida
laki-rabi.
Sang
Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen ana wadyabala kang mati
banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam sêpi. Yen
pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.
Kang
mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku
marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya
adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya
mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.
Samuksane
Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene
putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas Ratu Pagêdhongan, kabeh banjur padha
andherek muksa.
Buta
Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri. Tunggulwulung ana ing gunung
Kêlut, dene Ni Mas Ratu Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit ana ing
sagara kidul, asmane ratu Anginangin.
Ana
kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya
durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang Kalasan. Sawise
têlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, kêkasih Lêmumbardadu iya Sang
Pujaningrat, jumênêng Nata ana ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan
(3), kêdhi têgêse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku
têgêse anggêp, kang paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo
adate Sang Rêtna piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora
anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gêtihe wong
kang mêtu. Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh
mênange, nanging yen dilurugi apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri
iku gêdhe atine, amarga kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene
Rêtna Dewi Kilisuci iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala.
Sang Rêtna mau tapa ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis.
WUWUHAN
KATÊRANGAN.
Kanjeng
Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Fatimah, patutan
saka Nyai Agêng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning
Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura,
karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pêputra putri nama Nyai Agêng Malaka,
katêmokake Raden Patah.
Raden
Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka
putri Cêmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barêng
Raden Patah wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah
Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin Rajudi’l’Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya
‘Alam ing Bintara (Dêmak).
Putri
Cêmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu
Brawijaya, pêputra têlu:
1. Putri
nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing
Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.
2. Isih
timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng muksa kasêbut
nama Sunan Lawu.
Panênggak
Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadil Kubra I, patutan saka
ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih têdhake Kangjêng Nabi Mukammad,
asma Maulana Ibrahim, dêdalêm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing
Cêmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana
Ibrahim Asmara, iku kang pêputra Susuhunan Ampeldênta Surabaya.
Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam,
nyakabat marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing Cêmpa anggênteni
ingkang rama, pêputra siji kakung kêkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cêmpa
(garwa Maulana Ibrahim), pêputra Sayid ‘Ali Rachmat, ngêjawa nama Susuhunan
Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta, kasêbut Susuhunan Ampeldênta. Cêmpa
iku kutha karajan ing India buri (Indo china). Sawetara iku Sayid Kramat kang
kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing Bonang utawi Sunan Benang.
KATRANGAN
1. Kulon
kutha Majakêrta lêt +/- 10 km.
2. Pêlabuhane
saiki aran: “Haipong”.
3. Lor
Stasiyun: Surabayakota “Sêmut”.
4. Benang
= Bonang ing Karêsidhenan Rêmbang.
5. Tarik.
6. Kulon
kutha Kêdhiri.
7. Akire
Mênang didêgi pabrik gula arane iya pabrik Mênang,
8. stasiyun
ing Gurah antarane Kêdhiri – Pare +/- 7 km. saka Kêdhiri.
9. Kidul
Majaagung lêt +/- 15-16 km. Saiki dicêluk desa Ngrimb.
10. Ing
sacêlakipun pabrik Mênang, wontên dhusun nama Guruh.
11. mbok
manawi ewah-ewahan saking Gumêrah-Gumuruh.
12. Gurah
= gusah.
13. ngrêsiki
gorokan.
14. Laren
= kalenan.
15. Bangawan
= Brantas.
Sepeninggal
Raden Patah alias Jin Bun tahun 1518, Demak dipimpin putranya yang
bernama Pangeran Sabrang Lor sampai tahun 1521. Selanjutnya yang
naik takhta adalah Sultan Trenggana adik Pangeran Sabrang Lor.
Menurut
kronik Cina, pergantian takhta ini dimanfaatkan oleh Pa-bu-ta-la untuk kembali
bekerja sama dengan Portugis. Perang antara Majapahit dan Demak pun meletus
kembali. Perang terjadi tahun 1524. Pasukan Demak dipimpin oleh Sunan
Ngudung anggota Wali Sanga yang juga menjadi imam Masjid Demak.
Dalam pertempuran ini Sunan Ngudung tewas di tangan Raden Kusen, adik tiri
Raden Patah yang memihak Majapahit.
Perang
terakhir terjadi tahun 1527. Pasukan Demak dipimpin Sunan Kudus putra
Sunan Ngudung, yang juga menggantikan kedudukan ayahnya dalam dewan Wali Sanga
dan sebagai imam Masjid Demak. Dalam perang ini Majapahit mengalami kekalahan.
Raden Kusen adipati Terung ditawan secara terhormat, mengingat ia juga mertua
Sunan Kudus.
Menurut
kronik Cina, dalam perang tahun 1527 tersebut yang menjadi pemimpin pasukan
Demak adalah putra Tung-ka-lo (ejaan Cina untuk Sultan Trenggana),
yang bernama Toh A Bo.
Dari
berita di atas diketahui adanya dua tokoh muslim yang memihak Majapahit, yaitu
Pate Vira dan Raden Kusen. Nama Vira mungkin ejaan Portugis untuk Wira.
Sedangkan Raden Kusen adalah putra Arya Damar. Ibunya juga menjadi ibu
Raden Patah. Dengan kata lain, Raden Kusen adalah paman Sultan Trenggana raja
Demak saat itu.
Raden
Kusen pernah belajar agama Islam pada Sunan Ampel, pemuka Wali
Sanga. Dalam perang di atas, ia justru memihak Majapahit. Berita ini
membuktikan kalau perang antara Demak melawan Majapahit bukanlah perang antara
agama Islam melawan Hindu sebagaimana yang sering
dibayangkan orang, melainkan perang yang dilandasi kepentingan politik antara
Sultan Trenggana melawan Dyah Ranawijaya demi memperebutkan kekuasaan
atas pulau Jawa.
Menurut
kronik Cina, Pa-bu-ta-la meninggal dunia tahun 1527 sebelum pasukan Demak
merebut istana. Peristiwa kekalahan Girindrawardhana Dyah Ranawijaya ini
menandai berakhirnya riwayat Kerajaan Majapahit. Para pengikutnya yang menolak
kekuasaan Demak memilih pindah ke pulau Bali.
Majapahit
telah menjadi sumber inspirasi kejayaan masa lalu bagi bangsa Indonesia pada
abad-abad berikutnya. Kesultanan-kesultanan Islam Demak, Pajang,
dan Mataram berusaha mendapatkan legitimasi atas kekuasaan mereka
melalui hubungan ke Majapahit. Demak menyatakan legitimasi keturunannya
melalui Kertabhumi; pendirinya, Raden Patah, menurut babad-babad
keraton Demak dinyatakan sebagai anak Kertabhumi dan seorang Putri Cina,
yang dikirim ke luar istana sebelum ia melahirkan. Penaklukan Mataram
atas Wirasaba tahun 1615 yang dipimpin langsung oleh Sultan
Agung sendiri memiliki arti penting karena merupakan lokasi ibukota
Majapahit. Keraton-keraton Jawa Tengah memiliki tradisi dan silsilah yang
berusaha membuktikan hubungan para rajanya dengan keluarga kerajaan Majapahit —
sering kali dalam bentuk makam leluhur, yang di Jawa merupakan bukti penting
— dan legitimasi dianggap meningkat melalui hubungan tersebut. Bali secara
khusus mendapat pengaruh besar dari Majapahit, dan masyarakat Bali menganggap
diri mereka penerus sejati kebudayaan Majapahit.
Tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar